Sabtu, 07 Januari 2012

Asal Usul Semarang (Bahasa Jawa)

Nalika samana, Kasultanan Demak dipimpin Pangeran Made Pandan. Pangeran Made Pandan duwe putra arane Pangeran Pandan Arang. Sawijing dina, Pangeran Made Pandan lan putran sarta para abdine lelana ngulon parane. Tekan sawijining alas kang gung liwang-liwung, Pangeran Made Pandan leren banjur mbuka alas mau dienggo nenandur lan pomahan.

Emane durung ngrasakake kasile, Pangeran Made Pandan banjur seda. Sadurunge seda, Pangeran Made Pandan ninggal weling, "Ngger anakku Pandan Arang, olahen papan iki kanthi temen. Aja pisan-pisan sliramu ninggalake papan kene amarga mengkone bakal dadi panggonan kang reja."

Pangeran Pandan Arang tansah eling welinge swargi bapake. Pancen temenan papan mau katon ijo royo-royo, subur, lan makmur.
Sawijining dina, ana kang aneh saka papan mau. Lemahe subur nanging ana wit asem sing thukule arang-arang. Marang para abdine, Pangeran Pandan Arang ngendika, "Rakyatku, papan iku kalebu aneh. Coba delengen lemahe subur nanging thukulan aseme arang-arang. Mulan kang saka iku, papan iku dakjenengi Semarang saka tembung asem kang arang-arang."

Refrensi
  • Carita Rakyat Jawa Tengah (MB Rahimsyah, 2000).
  • Bookmark and Share