Emane durung ngrasakake kasile, Pangeran Made Pandan banjur seda. Sadurunge seda, Pangeran Made Pandan ninggal weling, "Ngger anakku Pandan Arang, olahen papan iki kanthi temen. Aja pisan-pisan sliramu ninggalake papan kene amarga mengkone bakal dadi panggonan kang reja."
Pangeran Pandan Arang tansah eling welinge swargi bapake. Pancen temenan papan mau katon ijo royo-royo, subur, lan makmur.
Sawijining dina, ana kang aneh saka papan mau. Lemahe subur nanging ana wit asem sing thukule arang-arang. Marang para abdine, Pangeran Pandan Arang ngendika, "Rakyatku, papan iku kalebu aneh. Coba delengen lemahe subur nanging thukulan aseme arang-arang. Mulan kang saka iku, papan iku dakjenengi Semarang saka tembung asem kang arang-arang."
Refrensi